WEDHARAN
Para sedherek kinasih ingkang maos carita menika. Sinaosa judulipun cekak ananging isi critanipun panjang, amargi mboten waged dados simbok bilih mboten tepang kaliyan Bapakipun lare. Pramila ing ngandhap menika mangke kawula cariosaken kadospundi kawula tepangan kaliyan Bapakipun lare ngantos kawula dados simbok. Kawula tuturaken mawi basa Jawi ngoko campur Bahasa Indonesia supados mboten sami ngantuk anggenipun maos… Sadaya obrolan ingkang kawula serat, sami kaliyan obrolan aslinipun. Kedadosanipun ing sak indenging Semarang-Ambarawa-Magelang. Mugi mboten andadosaken bosen. Bilih ngantos bosen, inggih mangga kawula aturi sare kemawon.J
Kuliah
Dina Setu wektu sore kuliah rampung jam 16.30. Ria nunut mbonceng kanca jenenge Tyo, motore Suzuki trail kang statere ing sisih kiwa. Nek mbonceng rodo njengking….! Sakjane omahe Tyo ora ngliwati kos-kosane Ria, ananging bocahe apikan, dadi gelem ngeterke. Apikan apa wedi karo Ria ya? Kang penting gelem mboncengkelah, mayan ora mlaku utawa numpak becak.
Ria kuliah ing Semarang jurusan Arsitektur, jeneng universitase mbiyen Institut Teknologi Katolik Semarang, cita-citane kanggo nyaingi ITB ing Jawa Barat lan ITS ing Jawa Timur. Sakdurunge dadi ITKS, Arsitektur iki dadi bagian saka Universitas Atmajaya, nanging Atmajaya Semarang kala semana didadeake siji karo Atmajaya Ngayogyakarta.
Saiki ITKS berkembang pesat dadi Universitas Katolik Soegiyapranata (Soegiyopranata Catholik University), mlebu ing 10 besar Universitas Swasta Ing Indonesia, utamane Prodi Arsitektur lan Psikologi. Yen emut kala semana Ria lan kanca-kanca seangkatan sekitar 200 mahasiswa (putrine mung wong 10) kang dadi cikal bakal universitas iki, rasane bener-bener mongkok ing ati. Ora sia-sia olehe berjuang jaman tahun 1973 Institut iki mulai lan nggawe Senat Mahasiswa lan Ria didapuk dadi salah siji anggotane. Mbuh piye larah-larahe pas lagi diplonco kok ujug-ujug Rektor nunjuk Ria:”Kamu nanti harus jadi anggota Senat”. “Kok saya Romo?” “Iya. Saya lihat selama acara perploncoan ini kamu berani melawan Senior-seniormu. Senat Mahasiswa memerlukan orang orang-orang berani seperti kamu!” Rektor ngendika sinambi tindak ngadoh. Rektor Institut iki dijabat dening Romo Pastor asmane Romo Van Deinse asli saka Londo lan komposer (kang nggawe musik) kanggo greja.
Tugase Senat (ora kepetung kuliah) yaiku mbenahi Gedung sak kabehane termasuk administrasi kemahasiswaan. Gedunge gedung kuno kang jare angker, yen wong mancanegara ngarani SPOOKY. Tapi sakwise kanggo kuliah ya biasa wae ora krasa mrinding, tapi pancen ana kang tau weruh sak wijining dokter kang lagi mlaku munggah nuju tingkat loro. Tapi kang ana ing studio gambar tingkat loro ora weruh sapa-sapa.
Yen lagi arep ujian lan ana tugas Merencana (Perencanaan-Design) lan Struktur, mahasiswa bisa nginep ing kampus klebu Ria uga melu nglembur ing kampus. Senjatane sisir, sikat gigi, karo Djie Sam Soe. Yen kudu melek bengi kanca-kanca lanang pada nukokake mie utawa sega goreng. Bayarane Djie Sam Soe sak ler…hehehe…. Nate kedadian, Ria mung kari duwe rokok sak ler, padahal durung tengah wengi. Piye ki yen dijaluk kanca, pikire. Bungkus rokok diremet alon dadi rokok kang ing njero bungkus ora rusak, trus didokok ngisor meja gambar. Slamet, kanca-kanca ngira mung bungkuse kang tiba. Sekitar jam 2.00 esuk wis okeh kang pating glethak ing bangku dawa, rokok mau dijupuk….Nyamaaan….Melek meneh. Mahasiswa bisa ngrokok ing studio amarga wis wengi, ora ana dosen lan jendela studio bisa dibukak amba kabeh. Durung usum kelas nganggo AC.
Paseduluran antar angkatan pancen raket amarga okeh kang padha-padha cah kos-kosan lan ana kang angkatan ndhuwur durung lulus salah siji mata kuliahe.
Yen wis tanggal-tanggal tuwa, okeh kanca kang nyangga dhuwit…. hehehe…sangga wang maksude. Sabuke dikencengi, merit, sering dolan nanggon kanca kang ora kost, nunut maem. Ing situasi koyok ngono kanca-kanca kang wong tuwane rada lumayan ekonomine ngajak kanca kang wis ndomblong kuwi mau menyang Pasar Djohar. Iki pasar kang cukup gede wektu kuwi lan apa-apa ana. Keperluan kanca-kanca kos-kosan ditutup karo kang bisa blanjakake, lan ora njaluk dibalekake.
Koyok Ria dhewe, walaupun wong tuwane jik bisa mbiayai kuliahe, tapi Ria wis golek tambahan dhewe dadi freelance drafter kanggo perusahaan konsultan engineering. Mula dheweke sering ngajak kanca kang wis ora duwe apa-apa kanggo blanja. Lha yen ana buku literatur arsitektur kang kudu dituku kanggo referensi, uga menggeh-menggeh rasane wong regane larang. Buku-buku iku kabeh impor lan basa Inggris utawa basa Londo. Kanca-kanca kang sugih diakali supaya tuku buku literatur kang diperlokake. Ria kang ngajak kanca-kanca liyane sinau bareng nang omahe bocah kuwi. Kang penting banget difoto copy dibageake. Nah kang koyok ngene iki uga agawe raketing paseduluran tumekan saiki. Apa meneh bar wis umur okeh kang situasine kuwalik. Kang mbiyen moncer saiki merit lan kosokbalene. Ananging amarga raketing paseduluran bisa padha lung-tinulung.
Nyambung crita goncengan ing dhuwur mau ya, Ria melu kancane lewat alun-alun Simpang Lima. Kiwa tengene dalan kang dilewati isih lapangan suket, ora kaya saiki wis dadi high rise building utawa hotel. Nah, Ria weruh ana kang lagi main softball. Salah sijine ketok luwih dhuwur tinimbang liyane.
“Kae cah-cah ngendi to, Yo?” Ria takon karo Tyo. Pas Ria takon, kang dhuwur mau noleh lan dadah-dadah, dibales karo Tyo “Hallooo” karo dadah
“Sapa kuwi? Cah-cah ngendi?”
“Kuwi cah-cah UNDIP kelompok soft ball”
“Lha kok sampeyan kenal?”
“Kang dadah mau kuwi kamase dik Wik pacarku”
“Wooo pantesan kok wanuh”.
Pacare Tyo kuwi isih SMA, asale Mbahrawa (Ambarawa). Ria kenal karo pacare Tyo, wong nate ketemu pas nonton bioskop. Critane olehe pacaran ya Ria ngerti jelas, wong yen dina Senin Ria lan kanca-kanca kumpul karo nunggu jam kuliah, mesti padha crita olehe padha ngapel pacare, utawa diapeli. Kancane Ria okeh kang lanang. Ria luwih seneng nongkrong campur cowok-cowok, critane tansah rame koyo to, soal balapan formula 1, world cup, tinju Mohammad Ali lawan Joe Frazier, Badmiton Rudy Hartono lawan Svendpri, music Beat Club TVRI, Dunia Dalam Berita lan liya liyane. Ora ana gossip babarblas. Nyenengke tenan, olehe kuliah dadi semangat.
Apa meneh rikala semono Ria dadi penyiar Radio kampus jenenge Radio Module. Okeh fans kang padha teka pengin kenal. Kang parah ana ugo kang lesbian….wah jian nggilani tenan….. Udan-udan yo teka, nyethuk nunggu nang njaba studio. Biasane Ria njaluk tulung kanca utawa Pak Heru office Boy kanggo mbujuk bocah kuwi ben lungo. Alasane sak karepe, biasane dikandakke yen Ria arep ana kuliah meneh sak rampunge siaran.
Ana maneh kang cowok teka mung arep mandeng Ria terus, ndadekake salah tingkah to ya. Dasare Ria, dheweke takon::
“Sampeyan ki teka mrene sak jane apa tujuane? Yen arep kirim lagu, ditulis wae nang kupon kang wis dicepakke. Mengko yen aku siaran tak wacane. Yen ora, mengko tak titipke kancaku kang pas jame siaran”
“Ora kok, ora arep kirim lagu kanggo sapa-sapa”
“Lha njuk?”
“Aku mung arep ndelok kupingmu” JJJ
Coba to? Apa ora dagelan? Kuping kok ditonton, padahal Ria ora nate nganggo perhiasan apa-apa yen lunga sekolah utawa kuliah. Nek kelingan geli dewe, cah enom ki ya memang seneng kang nantang lan aneh-aneh, ya? Untunge ora ana kang nyanthel nang ati sanadyan bertubi-tubi kang kirim lagu nggunaake ukara-ukara kang nggambarke flirting-flirting. Pokoke ora ana kang ngalahke mas Wiwislah kang tlaten niliki menyang Semarang yen lagi preiJ
Ngancik tahun ke 3 kuliah, ana tugas saka dosen Tata Kota (semacam KKN)kanggo survey ing kota Ambarawa sekaligus nggawe Peta anyar kota Ambarawa kang wus kadaluwarsa. Maklum peta terakhir digawe tahun 1935 dadi wis ora bisa kanggo referensi, padahal arep digawe pra rencana kanggo Kota Tujuan Wisata. Dosen milih bocah 5 dadi sak tim. Koyok adate, kang wadon ya mung Ria, amarga kang sak tingkat cewekke tinggal 4 lan kang bisa dadi tim ana syarat-syarat tertentu kudu wis lulus sawetara mata kuliah.
Ria lan kanca-kancane nginep ing Losmen Tentrem Ambarawa, ngarep kantor Kecamatan kang saiki dadi terminal. Cedak karo standplaat kang saiki wis dadi MONUMEN PALAGAN. Mbahrawa isih sepiii lan nuwun sewu gandane kotoran turangga (jaran) semebar. Saben seminggu sepisaning dia Setu Ria mesti mandheg nang terminal iku merga bise mesti mandheg, saka Semarang utawa saka Magelang. Ria paling sebel nek pas kudu mandheg ing terminal kuwi.
“Pak, mandege mbok aja kesuwen, mambu Pak” Ria sering ngomong ngono karo sopire bis. Biasane dijawab santai karo sopire:”Sabar to mbak, niki mbok-mbok kang sami sadean melas le mbeto tenongan utawi senik-e. Sekedap nggih, mbak”. Iya ya, pikirku. Melas mbok-mbok kang pada dodolan digendhong nganggo selendang. Kang pada dodolan rokok utawa jajanan oleh mlebu bis kanggo nawakake dagangane. “Ndoge..ndoge… piyantuuuun ……. Rokoke..rokoke..” Kuwi kang sering ditawakke.
Jeneng-jeneng bis kang Ria eling sok ditumpaki: Indonesia Jaya, Esto, Santosa, Safari, Daya Temanggung, Handoyo,lll. Durung usum AC lho yaaa….lan bise jik sederhana banget, jendelane cilik pas nggon sirah, digeser-geser nek pengin entuk anging mamiri kang silir. Versnellinge sak meter dawane koyok tongkat penthungan. Mesin dilakokake nganggo solar, bules irenglah pokoke, mlebu njero bis sisan. Apa meneh yen numpak brompit (motor) nang mburine bis, wah wis, tekan ngomah raup andhuke mesti dadi ireng….hahaha…
Ria nate ngalami kedadian ngisin-isini. Saking seriuse sinau ing njero bis (mangkat jam 4 esuk saka ngarep omah) merga arep ujian Mekanika Teknik, tekan Semarang Ria mlayu-mlayu medun ing Randusari ngarep gereja Kathedral Semarang, langsung numpak becak nuju kampus. Bar wis ujian rampung Ria lagi kelingan yen mau esuk numpak bis ora mbayarJ. Whaduh, isiiiin banget Ria…. Untung dheweke eling, kondekture tanggane. Bojone dodolan sembako ing cedhak omah.
“Koh, sorry ya, aku mau esuk lali mbayar. Sampeyan kok ya ora njaluk to?” Ria sebut KOH merga dheweke turunan Tionghoa
“Ora apa-apa mbak. Saya mesakke ngliat situ ketoke lagi serius sinau”
“Kamsia ya Koh, iki tak bayar saiki” karo dilung-ke duwite“
“Ndak usah mbak. Ambek tetangga biasa wae, suk mben aja nek pas situ ke Semarang lagi” Apikan tenan wong iki. “Suwun ya koh, Gusti mesti paring berkah kang okeh buat situ” Ria ngomong karo pamitan sisan “Yo mbak, ndak papa kok. Kamsia li”
TEPANGAN
Ternyata survey kota cilik koyok Ambarawa ngono ya ora segampang kang dibayangke. Arep mlebu gang-gang utawa dukuh lan desa kudu ijin dhisik lewat Kecamatan, Kelurahan lan RT (durung usum RW), uga wong-wong kang kuasa utawa nguasai daerah kang arep disurvey. Koyok arep Kuliah Kerja Nyata (KKN). Ana kang dudu pejabat resmi tapi gali / centheng kang kuasa. Ya kudu ngomong karo wong-wong kuwi. Okeh kang curiga dikira saka TVRI arep majeki kang nduwe TV. Jaman mbiyen kan siaran TV dipajeki mbayare ing Kantor Pos.
Ujug-ujug ana wong methentheng nang ngarepe Ria:
“Njenengan sinten mbak? Kok nekad mlebet mriki? Ajeng nyatheti kang mboten mbayar pajek TV nggih?” karo mentheleng.
Ria njawab kalem:”Nuwun sewu Pak kula sanes tiyang saking TV, namung mahasisa ingkang badhe nggambar kitha Mbahrawa kangge nganyaraken peta Ambarawa supados waged dipun rencanakan dados Kota Wisata’
“E alaaa…nuwun sewu nggih mbak. Monggo-monggo, yen wonten perlu napa-napa sanjang kula mawon”…… ngomong ngono karo ngedunake tangane. Bar kuwi ya lancar kabeh, malah nek pas jam maem awan nglewati sawijining omah penduduk, mesti diampirke dicepake maem sayur asem, goreng gereh, sambel lan degan(klapa enom) kang nembe dijupuk saka wite. Matur nuwun Gusti maringi kenikmatan luar biasa.
Saben esuk saka Losmen mangkat jam 6 golek sarapan, biasane pecel mbak Kami ing pojok dalan kang arep menyang Gua Maria Kerep. Sinambi sarapan, bagi-bagi tugas kanggo memetakan kelurahan-kelurahan. Pacare Tyo saben esuk lewat ngarep Losmen kang tak inepi, dheweke tak titipi banyu ngombe resik nang ceret, merga banyu kang ana ing Losmen ora apik kanggo diombe. Wektu sakmana durung paja-pajaa banyu mineral. Lumayan bisa migunaake pacare kanca….hehehe…
Sore sekitar jam 18.00 balik menyang Losmen kanggo koordinasi gambar, sakdurunge adus, dinner lan sare. Sesuk esuk-esuk wis kudu mangkat meneh. Udarane adeeem banget nganggo angin barang. Brrrr…atis tenan. Tapi kok ya ora nate masuk angin, ya? Mung ngrasakake sueger, sanadyan kala-kala njekut. Isih enom pacen ya beda karo kang wis ngunduri sepuh.
Ing sakwijining sore pas Ria lagi koordinasi gambar, ujug-ujug ana kang ngundang jenenge saka njaba kamar. Kamar kang kanggo diskusi pancen ketok saka lawang kamar tamu. Pas Ria noleh rada kaget, merga Wik pacare Tyo gandengan karo cah lanang liya, karo cah wedok siji meneh. Ria langsung berang to ya?
“Wik, sampeyan ki piye to. Dupeh ora ana Tyo njur nggandeng cah lanang liyane ngono po?”
Cah lanange ngulurke tangane, tapi Ria emoh dijak salaman. Ria ora seneng karo carane Wik.
“Mbak,kenalke dhisik” jare Wik. Ria mlengos, wegah. Kanca-kancane Ria liyane pada salaman. Let sedela Tyo teka. Wik tukar pandang karo Tyo lan cah wedok siji meneh kang mau tekane bareng. Ria mlebu nang njero neruske nggambar, kanca liyane gayeng nang kamar tamu Losmen nemoni para tamu.
Tyo nusul Ria mlebu karo ngomong:
“Sliramu dijak kenalan kae lho karo Panji”
“Panji sapa to? Aku ora seneng Yo, pacarmu teka karo nggandheng cah lanang seje. Apa sampeyan ora cemburu, po? Harga dirimu nang endi?” Nada omonge kenthip munggah, nyerocos sisan!
Tyo malah ngakak: “Kok nesu ki piye to?Ngerti ora Panji ki sapa?”
“Ngerti! Kae to kang digandheng, Wik?!” jawabe sang saya gemes.
“ Bener, nanging dirimu ki salah pangerten”
“Kok isa, apa karepmu?”
“Panji kuwi kamase dik Wik karo dik Nini, cah telu kae kakang adi, nduuuk!!” jare Tyo karo nada disabar-sabarke. Sebutan nduk, dul, kas,cah, schaat iku biasa disebut antar kanca-kanca cedak ing kampus.
Oops…! Weelhaaa…ternyata Ria salah wesel to iki. Tiwas wis nggulung lengen arep nataki Wik.J. Tapi jalaran wis kebacut isin, Ria tetep ora gelem metu. Bengi kuwi Tyo melu nggabung ngglethak nang Losmen bareng kanca-kanca lanang, walaupun dheweke ora melu tugas. Esuke, bar sarapan, pas arep mangkat nyebar, Panji teka karo nggawa ceret isi banyu resik. Kang nampa Tyo karo kanda: “Nduk, iki lho kang meh kenalan”. Akhire Ria gelem salaman lan ngobrol bareng kanca-kanca. Mung sedela merga Panji arep ujian nang Semarang lan Ria karo kanca-kanca neruske tugas.
Kira-kira ½ jam, pas Ria karo kancane (Ria mbonceng) lewat pertelon Palagan, dicegat Tyo dikongkon mandheg. “Ana apa Dul?” Tyo njawab:”Panji kecelakaan, nabrak tukang susu” “Trus?” “Lagi digawa nang rumah sakit”. Ria ora takon sak banjure, mung njawab:
“Oooo, ya wis. Aku arep njaluk ijin sik nang kelurahan kanggo survey sekitar kene, mengko sore kan wis kudu rampung”. “Yoh” wangsulane Tyo
Kelurahane ana ing jalan Pemuda, saka Standplaat (Terminal bis) mudun menuju Museum Kereta Api. Ing kono Ria lan rombongan lungguh ing kamr tunggu kelurahan madhep ndalan. Ing sebrang kelurahan ana gang ketok saka jendela. Nah, saka gang kuwi Ria karo kancane weruh ana wong lanang mlaku pincang-pincang, tangan lan sikile (nganggo kathok tennis) okeh kang di plester lan diperban. Wong kuwi mlaku ngarah nyang dalan gede ngarep kelurahan.
“Lah kuwi kan Panji to?” jare kancane sambil nuding wong kang mlaku mau.
“Ndak iya to?” jawabe ora mudheng.
“Iya. Mau esuk kan nganggo klambi kuwi to tapi nganggo kathok dawa?”
Ria ngemat-ke dhisik, jebul pancen bener Panji. Babak bunyak lan pincang….
Kancane Ria kanda, “ Tak nemoni sik ya? Mesakke ”. “Ya kana, kang nang kene tak urusane”
Dina iku dina pungkasan tugas survey, sore kudu wis balik menyang kampus. Mula sore iku kabeh melu sowan ibune Wik perlu matur nuwun atas banyu putih resik kang saben dina digawa Wik. Ibune kasebut mami, keturunan Walanda. Ria kaget, merga pas ibune Wik pirsa Ria langsung ngajak ngendikan basa Londo.”Hoe gaat het met jouw?” Ria ya mangsuli basa Londo to, ya:”Alles goed, tante”. Jebul Wik kang lapor karo mamine yen Ria bisa basa Londo. Ngertine Wik Ria turunan Londo, untung salame bisa diwangsuli, ya? Pas lagi omong-omong karo mami lan papine Wik, Panji kang tampilane ancur lebur iku lungguh ing jejer papine.
Ujug-ujug dheweke ngomong marang papine: “Pi, mbok kula dilamarke nika” karo nunjuk Ria. Papine gemujeng: “Piye to, wong gek kenal dina iki kok dikon nglamar”. Kang lucu mamine malah duka:” Ora!!! Cah koyok ngene kok arep diwenehke kowe kang cah ndalan!!!” whaduh mak-eee…iki ana apa to ya?
Ria karo kanca-kanca dadi ora nyaman. Ria ngedepi kanca-kancane supaya pamitan. Dina kuwi dina Setu sore kabeh balik menyang Semarang, mikir nggawe laporan kang bentuke makalah.
MULAI MÈPÈT
Reribet ngerjakake tugas ndadeake minggu kuwi Ria ora sempat mulih menyang Magelang. Dina minggune lagi krasa kesele, slonjoran nang kos-kosan. Dina Senen pas mulih saka kuliah, Mbok Nah pembantu omah kos ngomong:”Mbak, wau enten kang madosi” “Sapa yu?” Ria takon. “Kula sek ngertos niki wau. Sanes kanca-kanca kang biasane sami rawuh” “Sapa? Ora takon jenenge yu?” “Mboten. Ning tiyange radi inggil, pasuryan kalih astane diplester-plester” “Suk meneh ditakoni jenenge ya yu” jare Ria karo rada bingung “Nggih, mbak”
Tekan kamar ana pitakonan kang rada mbingungke Ria, kira-kira sapa wonge kang teka mau ya? Babarblas ora kepikir kedadeyan dina Setu ing Ambarawa. Senin sore iku kebeneran ora ana kuliah, Ria neruske nulis draft laporan karo kanca-kancane Ria ing teras mburi. Daleme gede lan nyaman. Kang ngekos mung Ria karo ponakane kang kagungan ndalem (sahabat Bapake Ria) mahasiswa kedokteran UNDIP.
Sak wetara jam 5 sore, Yu Nah marani Ria nang teras karo ngomong:”Mbak nika kang wau mriki malih” “Numpak apa , mbak?” “Ngangge honda” maksude numpak motor. Jaman kuwi kabeh motor disebut Honda. Hondane merk YAMAHA….hehehe…
Gita-gita Ria lan salah siji kanca nemoni nang ruang tamu. Astaga….jebul kang teka iku Panji kang rambute gondrong ….Numpak motor saka Mbahrawa (45 km), padahal tangan lan sikil kiwa isih ora bisa ditekuk.
Ria kaget “Lho, kok situ udah sampek sini, to?” pitakonane “Apa ndak sakit itu tangan sama kakinya?”
“Apa nggak boleh? Aku cuma mau ngembaliin jam yang tak pinjem hari Jumat kemarin”. Sakdurunge dheweke mangkat ujian nyilih jam tangane Ria, alesane jare jam tangane rusak lagi didandakake, padahal dheweke perlu kanggo ujian. Wektu iku Ria ora mikir macem-macem langsung disilihi. Toh Tyo sering ketemu pacare ben dititipake pas malem minggu utawa dina Minggune. Jebul kedadiane beda. Dheweke njaluk ngapura merga jame kacane senthet. Iku jame Ria kang diparingi tantene saka negara Londo.
Mulai dina kuwi, Panji sering golek-golek kasempatan nemoni Ria ing kos-kosan utawa ing kampus. Kanca-kancane Ria ngerti yen Ria ora patiyo sreg karo Panji amarga Ria nembe 3 sasi mundur saka uripe mas Wiwis. Durung pengin pacaran maneh. Dadi yen Panji marani nang kampus, kanca-kancane golek alasan ben ora ketemu Ria. Diapusi wis mulih, lagi siaran, lagi studio lan liya liyane. Ria ya ora protes wong memang Ria biasa-biasa wae.
Tapi kancane kalah ulet, Panji golek taktik liya. Deweke takon karo Tyo yen Ria mulih Magelang numpak apa jam pira. Nah, Tyo kan mestine ingin mengambil hati calon kakak, jadwale Ria dibocorke. Riaora ngerti, mung gumun, kok saben Ria arep mulih Magelang numpak travel, Panji mesti wis nunggu nanggon travel kang arep ditumpaki. Yen diganti jame, mesti jam berikutnya dheweke wis tekan Magelang. Jebul kerjasama karo kang nduwe travel, ampun maaak…! Padahal yen tekan omahe Ria lan nang kono ana mas WIwis lan kanca-kancane, kang ditemoni malah mas Wiwis. Sanadyan Ria wis ora pacaran maneh, tapi mas Wiwis isih rajin sowan Bapak Ibune Ria lan ngobrol karo sedulur-sedulur, karo geng-e. Dheweke disayang banget karo keluarga Ria dadi ya nyaman wae, malah luwih sering teka merga mas Wiwis wiwit putus karo Ria ora gelem kuliah utawa kerja. Dene Panji dikancani mbakyu sepupune Ria ing kaar makan utawa dapur.
Taktik liyane, yen Ria males nemoni, dheweke ngobrol karo Bapake Ria nang ruang makan karo dolanan kertu. Bapake Ria yen piyambakan seneng dolanan kertu remi. Yen ora, dolanan solitaire tapi kang digawe saka dus lan kapsul-kapsul cilik. Durung ana program solitaire nganggo kertu koyok saiki. Suwe-suwe dadi okeh katrangan kang bisa digali Bapakku saka Panji.
Ria dhewe ana rencana arep sekolah nang negara Londo dibiayai tantene kang wus manggon suwe nang Nederland ing kutha Leidedorp, cedhak kutha gedhe Leiden. Ria arep disekolahake ing Universitas Leiden jurusan Arsitektur. Universtas iki paling tuwa lan paling apik ing Nederland wektu iku. Ria seneng banget. Dosen-dosen wis padha pesen, yen wis lulus nang kana dadiyo Dosen nang kampusmu dhewe, ngono ngendikane para dosen.
Tantene wis kirim foto-foto kota lan kampus, kamar kang arep dinggoni, klambi-klambi lan sepatu musim dingin lan liya-liyane kang ndadeake Ria pengin cepet mangkat. Tahun iku durung bisa ngurus visa ing Provinsi, dadi kudu ing imigrasi Pusat Jakarta. Untunge ponakane Bapake Ria kepala Imigrasi Pusat. Kepeksa Ria kudu nang Jakarta kanggo ngurus visa, kang jebulane miturut sedulure bakal suwe nganti 3 minggu lagi dadi.
Durung nganti metu visane, Ria ditelpon Bapake diutus bali nang Magelang merga Bapake gerah. Gita-gita Ria mulih numpak Bis Bhayangkara. Aneh, tumekan ngarep omah kok Bapak lenggah nang teras ngagem kaos kanglet lan celana tennis, berarti kan ora gerah? Ria njur mbatin, ana apa ya?
Ria nyuwun pirsa: “ Lho, Bapak ngedikane gerah? Kok angin-anginan di luar?” Bapake mung ngendika sambi mesem:”Sudaaah sana mandi dulu, nanti kita makan sambil omong-omong, ya”. Iku memang kebiasaan keluarga Ria, yen wong tuwa ana kang arep dingendikakake utawa bocah-bocah pengin crita, mesti ing meja makan.
Wah, saksuwene Ria bebenah nganti adus pikiranne macem-macem. Ana apa to sakjane? Ibune ya mung mesam-mesem wae. Padahal sak janne Ria rada jengkel, merga visa durung dadi, cepet-cepet mulih nguwatirke Bapak gerah, eee…malah pada sesideman. Bar adus dadine malah sumuk gemrobyosLLL
Bengi iku sekeluarga kumpul termasuk kamas lan adike. Bapake ngendika sambi ngaturke piring marang ibu nyuwun dipundhutke sega saka cething: “Gini, Bapak mau kasih kabar buatmu, tapi jangan marah. Semua tergantung keputusanmu”. Ria mulai tegang….!!!
“Tiga hari yang lalu, Panji datang sendiri kesini dan menyampaikan keinginannya untuk menjadikan kamu istrinya” “Kok….?” Ria durung rampung nyelani, Bapake ngendika:”Sebentar, sabar dulu…. Kalau mau komentar nanti ya. Bapak selesaikan dulu. Bapak bilang sama Panji, kalau kamu memang serius, kamu harus kesini lagi sama ayahmu ya. Supaya sama-sama enak, orang tuamu juga tahu kalau anakku bakal jadi menantunya. Ayahmu belum tentu setuju kan?” Bapake nerusake sinambi dahar rawon lawuuh ndog asin, tauge lan sambel kelangenane. “Bener juga, besok paginya Panji bersama ayahnya datang. Ayahnya secara resmi setuju kalau kamu jadi menantunya. Malah cerita sejak hari pertama kamu kerumah mereka, Panji sudah minta dilamarkan. Nah, sekarang terserah kamu menerima atau tidak, ini bukan ranah Bapak untuk memutuskan. Dipikir-pikir dulu, jangan mutusin apa-apa kalau lagi jengkel atau bingung ya” ngendikane Bapak kanthi mesem, mangertosi yen putrine kaget, bingung lan jengkel.
Cep klakep, Ria ora bisa ngomong apa-apa, rada mendelik kesereden olehe maem! Bingung, mung bisa nyawang Bapak Ibune. Rasane nano-nanolah. Kaget, jengkel, pengin ngamuk ning karo sapa? Ria ora siap banget, wong bayangane isih arep kuliah ing negara Londo, mulih dadi dosen ing kampus kesayangane. Puyeng Ria! Untunge Bapak Ibune ora nyecer, Ria bener-bener diparingi wektu kanggo mikir. Ria mung atur ukara:” Ike (sebutan kanggo awakku ing basa Londo) minta waktu 2 minggu ya, Pak” Bapak lan Ibu mupakat. Sakbenere kabeh keluarga Ria isih ngarep-arep banget Ria balen karo mas Wiwis. Ponakane, anakke kamase kang isih umur 8 tahun bola-bali nakokake mas Wiwis:”Kok ndak pernah main sama aku lagi, Tante?” Biasane yen mas Wiwis rawuh, ponakanku mlayu-mlayu nemoni njaluk digambarke apa wae sinambi dipangku. Jare dulur-dulure mas Wiwis, “ Mbok theklek kecemplung wae,dik?” Ria mangsuli: “Kanggo ku mbak, theklek kecemplung kalen, timbang golek luwung tuku sandhal anyar. Ora mambu kalen….!”J
Jaman iku kan durung jaman telepon tangan, dadi ora bisa langsung ngubungi Panji. Terus terang atine jiengkel, gara-gara dhewekke kudu mulih saka Jakarta tur beritane marahi vertigo….LLL. Begitu Ria bisa ngubungi dheweke lewat telepon omahe, Panji diomeli entek-entekan, kok dheweke ora omong dhisik karo Ria. Motong dalan uripku, jare Ria, uga menurut Ria dheweke ora mlebu petungane Panji, merga ora njaluk pertimbangane dhisik, ujug-ujug mak bedunduk nglamar. Iiiih…jengkil banget rasane.
Wiwit kuwi Ria ora nate nampa telpune utawa tekane dheweke nang kos-kosan utawa nang kampus. Tapi wiwit kuwi uga Ria golek sisik melik, sakjane bocah iki kuwi sapa to? Ana sahabate SMA kang melu golek sisik melik lan menehi ketrangan soal bocah iki. Ria matur nuwun banget karo sobate iki. Mbuh dheweke isih eling apa ora nulungi Ria wektu kuwi.
Hasil sisik melike Ria dewe marang sobat-sobat lan ibu indekose, murugake mripate kebukak, lan eling ngendikane Ibune. Ibu selalu ngendika:”Rupa itu tidak menjamin” Maksude, nggantheng utawa ayune wong ngedab-edabi tapi yen sifate elek ya percuma. Mengkone bakal ndadeake kuciwa. Kang diadhepi Ria iki beda banget karo mas Wiwis, dudu soal mbandingke tapi memang 180 derajat bedane. Ya sifate, ya tampilane, ya budaya kulawrgane kang ora njawani koyok kulawrga mas Wiwis. Mung Bapakke kang nJawani merga katurunan Hamengku Buwono II.
Miturut kanca-kanca kos-kosane, kuliahe Panji dibayar dhewe saka hasil dagangan. Glidhig saben Jemuwah sore bar kuliah, dheweke nyilih mobil pick-up kancane, lunga pabrik beras lan pabrik rokok ing kutha Malang. Nah balikke, beras lan rokok iku dipasok-pasokake toko-toko kang dilewati. Bathine ora sepirao, tapi diopeni lan dikumpulke kanggo mbayar kuliah. Ing kono Ria koyok dicelikke mripate yen Panji iki bisa dadi kepala rumah tangga kang apik lan ulet. Basa kerene:Husband Material.
Pikirane muter, soal tresna piye, ya? Terus terang durung ana legrenging ati kang mulad-mulad. Ria eling ngendikane Simbahe (Oma):”Tresna iku bisa thukul sinambi nglakoni urip bebrayan, asal dilakoni kanthi ikhlasing ati” Apa iya, ya? Panji uga duwe wong tuwa kang kinurmatan ing Ambarawa. Keng Bapak kang sinebut papi Kepala Sekolah STM Pembangunan ing Semarang. Keng Ibu kang sinebut mami, ibu rumah tangga kang ulet ngopeni 13 putra-putri. Bapak lan Ibu senadyan lagi ketemu sepisan nanging Ria krasa kaya ditresnani. Apa meneh kang arep tak gayuh, ya?
Kuliahe piye? Ah, mengko tak ngomong wae karo Panji yen arep kuliah ing Nederland dhisik nembe neruske omongan serius soal lamaran, ngono wae apa ya? Supaya Ria rada bisa ambegan? Kanthi mantep Ria ngajak ketemu kanggo omong soal kuwi.
“Piye, sorry ya kalo aku nggak ngomong dulu langsung dateng sama papi” jare Panji pas ketemu nang kos-kosanane Ria njaluk ngapura
Ria njawab: “Yaitu yang aku nggak suka, ambil keputusan sendiri. Kita kan belum ngobrol sampek ke situ to? Kalau aku nggak mau gimana?” jawabe gregeten. Panji ora njawab. Ria neruske:”Aku arep kuliah dhisik nang Nederland sekitar 3 tahun, bar kuwi kita bicara”
Mak prempeng….pasuryane Panji langsung abang:”Ora isa!!! Nek jij wis mangkat mrana aku yakin jij bakal entuk bule. Ora bakal langsung balik!!!” karo ngomong nadane nesu. Ria kaget karo reaksine kang suarane nggetak ngono, ing sisih liya dheweke geli uga. Ria jik wangsulan kanthi guyon:” Ya wis telung sasi wae…” Ria ngomong karo ngguyu. Panji sang saya nesu:”Ora!Aku tak matur papi ben ngendikan karo Bapak!”. Whalah, tumbak cucukan kiii..?
“Wis ngene wae, aku tak mikir meneh seminggu” kandane, maksude kanggo ngulur wektu.
Minggu iku Ria mulih menyang Magelang perlu rembugan karo wong tuwane. Ibune ngendika:” Kamu nggak pertimbangkan Wiwis lagi atau Herdjoen?” Herdjoen kang dimaksud iku yakuwi Herdjoeno kang saiki dadi Sultan Hamengku Buwono X. Dheweke nate nembung supaya Ria gelem dadi Permaisuri lewat tante Tien Sadjiman lant ante Suyadi Notaris sahabate ibune, lan nate ping pindo niliki Ria ing Semarang. Tante Tien ngotot:”Ngapain kamu sekolah tinggi-tinggi. Udahlah, mending diterima aja itu. Kamu bisa menduduki istana Yogya” Kanggone Ria Ngarsa Dalem kuwi ora masuk bursa….hehehe… Iya nek dadi Permaisuri, nek mung dadi garwa ampil rak mung diampil kala-kala yen Ngarsa Dalem butuh…. Mboten kemawon!Ora ngiyip blaaass….! Iku tahun 1974. Bareng Ria entuk Riwayat uripe Herdjoeno, kasunyatane wis nikah karo Tatiek sing dadi Ratu wiwit tahun 1971. Lha rak tenan to, untung emoooh..!
Ria rada bingung amarga tiket pesawat wis arep dikirim lan visa wis tinggal nunggu. Bapake konsultasi karo Tante lan ponakane kang Kepala imigrasi. Alhamdullilah tiket lan visa isih bisa diganti jeneng. Kang bejo adikku lan ponakanku malah bisa mangkat lunga Nederland ngganteni Ria kanggo dolan-dolan.
Kanthi rasa aboting ati, mung jalaran saka husband material iku mau Ria nampa lamaran keluargane Panji, ananging nganggo perjanjian tetep padha-padha neruske kuliah lan kos-kosan tetep dhewe-dhewe. Syarat kuwi ditampa dening Panji, lan memang kaya ngono kang dilakoni. Saben malem minggu mulih Magelang nganggo brompit (75 km)bareng karo kanca-kanca kang arep mulih menyang Yogya lan Klaten. Malah salah sijine ing tembe mburi ana kang dadi Rektor UNDIP. Kanggo keperluan urip Panji isih nglakoni dagang beras lan rokok, Ria nyambi nampa gambar kontruksi, nggawe design sederhana, jahit klambi pesenan, ngetikke skripsi kanca-kanca, nerjemahke literatur kang diperlokke kanca-kancane lan liyane kang bisa nambah isi dompet. Wis ora nyuwun Bapak ibu maneh sanadyan Bapak isih kersa maringi kanggo kuliah.
Ria ngandheg sinambi kuliah ing tahun 1975. Lucu banget, ing kampus wetenge kang tambah gede kanggo dolanan kanca-kanca. Awake cilik, abote ora nambah okeh, saka abot 39 kg mung dadi 47 kg.. Kanca-kanca pada mbully: ”Ria, kowe ki koyok wong cacingen”. Ria malah ngakak. Ria ngandheg nganti pitung sasi jik goncengan nganggo motor Semarang-Magelang, Magelang-Semarang. Tapi kok ya ora lara apa rasa mules. Kang lucu malah ngidame, lho.
Biasane wong ngidam kan penjaluke pruntil, rujakan, baso utawa panganan liyane, utawa ngelus-elus bathuke babah-babah.. Yen Ria, saben weruh Honda Civic Hatchback ing endi wae mesti Ria nunjuk-nunjuk karo ngomong:”Apik ya kae?” Sanadyan mobil iku lagi diparkir ing garasi utawa mlaku ing mburi truk, Ria mesti weruh. Panji karo rada jengkel ngomong:”Sliramu ki nyiksa awakku. Lha wong padha-padha jik kuliah kok jalukane Honda Civic!” “Aku ora njaluk kok, mung seneng wae ndelok mobil sport”. (Nanging kasunyatan lho, bar bocahe wis lair dadine ngecesan….. malah diparabi Chessy…hehehe. Olehe mandheg ngeces dikalungi duwit cring 10 sen sing tengahe bolong)
Ing sakwijining dina Ria kudu priksa kandungan ing dokter langganan kulawargane, asmane dokter Sani. Dokter Sani ngendika rada duka karo muter-muterke stetoskop ing ndhuwur wetenge Ria. “Kamu itu mau jadi ibu kok ndak pinter. Ini kandungan sudah usia 7 bulan, harusnya kamu hati-hati karena kepala bayi seharusnya sudah di bawah. Ini kepalanya di atas dan bayinya ngadhep ke depan”. Dokter mbenerke posisi bayi nang wetenge, lara banget jarene wektu wetenge diulet-ulet dokter. Terus terang Ria ora mudheng maksude. Ria mulih, ing omah wis cemepak uba rampe kanggo mitoni. Kang mimpin dukun bayi asmane Mbah Dul. Mbah Dul (piyantun putri gelungan alit ing nginggil musataka) iki sakdurunge nate nulungi Ibune Ria rikala lahire Mas Peter kamase Ria tahun 1947. Bayangke pira umure Mbah Dul iki piro? Kacek kira-kira 28 tahun wiwit nulungi ibuku kang nglairake bocah kembar 3, mas Pieter lan 2 maneh, kakung kabeh..
Lucu juga ya upacarane mitoni. Ganti kebayak lan jarik ping pitu, dukune takon karo sedulur-sedulur kang ngrubung nang kono: “ Pantes mboten?” nganti ping pitu. Bar kuwi kang ngandheg kudu mlaku menyang kamar mandi merga arep didusi banyu kembang lan Panji ngresiki dalan kang arep dilewati Ria menyang kamar mandi nganggo sapu sada (sapu lidi). Miturut wong tuwa (kearifan lokal) supaya mengko lair bayine lancar. Ba’da adus kembang, Panji kudu mecah cengkir kang wis ana gambar wayang Arjuna lan Srikandi.
Yen dipecah mancur banyune tegese anak kang dikandhut kakung, ananging yen banyune mbleber kang dikandhut putri. Kanggone Ria kang koyo ngene iki dudu musrik ananging budaya Jawa kanggo ngaturake sembah sujud katur Gusti kang wis maringi Rohing jabang bayi ing padaran.
Sorene Panji ditimbali dokter meneh, tapi ora karo Ria. Dokter ngendika yen posisi bayi saiki wis apik, sirah wis manggon ing panggonan kang bener, kudu ati-ati. Aja kentrog, numpak motor utawa kekeselen. Bisa sakwektu-wektu lair, mula yen bisa supaya digawa menyang rumah sakit ing kutha gedhe kang perkakas kedokterane luwih pepak. Supaya yen nglairake sangang sasi, bisa di operasi Caesar, amarga pinggule Ria keciliken kanggo bayi umur sangang sasi.
Panji bingung, Caesar? Saka ngendi olehe arep golek biaya? Panji ora kanda karo Ria, khawatir yen Ria melu mikir malah repot. Dadi dheweke njaluk pertimbangan Bapak Ibune Ria. Bapake ngayem-ayemi. Wis, mengko yen kandungane wis gedhe, Bapak kang golek cara supaya bisa digawa menyang Yogya utawa Semarang. “Kamu tenang saja, tapi ati-ati jangan diajak naik motor lagi,ya”. Uninga saka dokter iku pungkasane diceritaake marang Ria. Kanggone Ria biasa wae ora kaget, mandar kebeneran dadi dheweke bisa langsung ijin cuti kuliah marang Rektor, amarga dina Senin (mitoni dina Setu) ana ujian Konstruksi Baja.
NGLAIRAKE – BABARAN
Dina Senin siang 5 Juli 1976, Ria ngrasa kok bolak-balik wetenge koyok ana kang neken 10 menit sepisan, larane nang ngisor puser. Bolak-balik pengin turas. Ria nyuwun pirsa marang Ibune:”Bu, kok Ria ngerasain seperti ini kenapa ya Bu? Apa ini rasa orang mau melahirkan?” Jawaban ibune marahi Ria ngguyu kekel:”Waduh, ibu sudah lupa, schaat (sayang). Omdat (sebab) jouw Sus (adikmu) udah 25 tahun umurnya”. Hahaha…payah iki simboke.
Jalaran tambah sering rasa larane, Panji kang wektu iku ora mangkat kuliah ngajak Ria numpak becak menyang Rumah Sakit Bersalin Yoga Dharma ing jl. Poncol Magelang. Ora menyang dokter Sani, amarga lagi tindak menyang manca negara. Tumekan ing Yoga Darma langsung karo perawat diterke mlebu lan turon ing kamar kanggo ngalirake supaya bisa ditangai bidan. Sakwise dipriksa, bidan ngundang Panji ngomong yen Ria bakal nglairke dina kuwi, tapi jame durung pasti, bisa sore utawa bengi. Tegese bisa nembe enem utawa pitung jam maneh.
Panji nyanggah kira-kirane bidan:”Nggak mungkin mbak, ini kandungan kan baru 7 bulan. Bayi kan dilahirkan setelah 9 bulan !!!” suarane rada seru amarga pikire dheweke Ria ora bakal nglairke dina kuwi. Perawate ngguyu sinambi ngomong:”Ada pak yang melahirkan usia dini 7 bulan, dan lebih baik daripada yang lahir 8 bulan”. Ria mung bisa geli karo nahan larane kang tambah sering. Panji ketok panik, lan pamit lunga arep nelpon wong tuwane Ria saka kantor rumah sakit.
Bakda isya’, bidan nampa telepon nang ngarepe Ria:”Injih, dok. Matur nuwun” ngono ukarane. Perawat ngomong karo Ria:”Mbak sebentar lagi dokter datang, saya siapkan dulu ya. Mbak harus dibersihkan dulu isi perutnya. Okay?” Ria mung bisa manthuk, amarga larane wis ora ketahan, apa meneh sakbenere dina kuwi Ria lagi kurang sehat awake. Ora suwe bubar diresiki nganggo pompa penyedot, dokter rawuh diiringi Panji. Dokter ngendika:”Bapak di luar dulu ya?” Panji semaur karo rada nesu:”Boleh nggak dok kalau saya temani istri saya” karo nyekeli tangane Ria. Doktere njawab:”Kalau gitu, Bapak saja yang melahirkan anaknya”. Karo rupa abang kabeh, Panji mlaku metu sinambi ngomong:” Aku tak metu sik ya tak golek jajanan”. Dokter lan perawat langsung sibuk, sikile Ria diangkat digantung ing pinggir tempat tidur rada dhuwur, dikemuli. Perawat loro manggon nang kiwa tengene tempat tidur. Ria dikongkon posisi turon 30 derajat. Bidan ngabani olehe napas lan ngeden. Pas etungan ketelu, Ria wis ora krasa apa-apa meneh, larane ilang, lega. Ananging aneh amarga Ria ngrasa weruh awake kang lagi teturon, weruh dokter njupuk alat kang kanggo ngetoke bayi, lan perawat sijine mompa dadane Ria koyok nglakokake resusitasi. Lho kae kang turon kok koyok aku ya, ngono pikire Ria kang rumangsa ana ing pojok ndhuwur langit-langit. Durung nganti kejawab pitakonane, ujug-ujug dheweke ngrasaake wetenge anget lan bayi nangis suarane banter.
Para perawat ngrubungi karo ngomong:”Mbak, putrane kakung irunge mancung lan sampurna” maksude ora ana perangn awak kang kurang. Puji Tuhan, Berkah Dalem. Tapi durung nganti ngematke, perawat nyuwun idin kanggo nggawa bayine arep dileboake ing incubator (kothak khusus kanggo bayi kang lair durung wektune, diwenehi sinar lampu supaya bayine anget) kaya aquarium. Bayine cilik, dawane mung 45 cm lan abote mung 2 kg, kaya boneka
Nah, wiwit sore kuwi Ria terus diajak ngobrol karo perawat ganti-gantian. Digaweake kopi lan dipesen ora pareng sare. Diwenehi bacaan Intisari, diwenehi maem lan nyamikan:”Usahakan jangan tidur dulu ya mbak, sampai jam 5.30 besok”. Padahal sakjane krasa kesel, lemes lan ngantuk banget. Bengi iku juga keluargane Ria, Bapak-Ibu-kamas, adik lan mestine Panji uga wis entuk niliki. Kebeneran pasien kang nembe lairan wis pindah kamar. Ibu ngendika:”Tadi ibu nunggu berita sampai murus-murus, beberapa kali ibu naar acheteren (BAB)” sambil ngelus-elus sirahe Ria. Kabeh ketok seneng, lan pamit niliki bayine. Kang nglairakae sapaaa kang murus sapa? Mungkin pancen kaya ngono watake para simbok yen putrane lagi lara.
Ria rada penasaran kok ora entuk turu tekan sesuk esuk iku ana pa ya? Pasien liyane wis pada pindah ruang perawatan, ananging Ria durung dipindah. Sewengi dikancani perawat-perawat diajak guyon ngalor ngidul. Tiba wektu subuh, Ria dipindah ing ruang perawatan isi wong loro. Disibini lan dicepaki bubur anget. Langsung disrutup bablas angine. Saknyatane wiwit mau bengi ya ngeliiih banget, sanadyan dicepaki nyamikan.
Pas lagi ditensi, Ria takon karo perawate:”Mbak, kok semalem saya nggak boleh tidur kenapa ya? Padahal saya terasa capek dan ngantuuuk banget”. “Saya ceritain tapi jangan kaget ya” jare perawat sambil senyum-senyum. “Mbak Ria, waktu mengejan yang ketiga itu nggak kuat dan hilang detak jantungnya berhenti selama sekitar 5-7 menit. Beruntung kami sudah siap peralatan, jadi bayinya ditarik pakai alat forcep/vacuum. Kami sudah panik mbak, takut kalau bayinya hanya mampu dikeluarkan sampai leher, ini akan sangat berbahaya karena bayi bisa tercekik. Juga khawatir kondisi mbak Ria. Sebagian dari kami berjuang mengembalikan detak jantung mbak.” Atine Ria langsung ora karu-karuan lan mulai mikir:” Apa wingi kae pas aku ngrasa ana ing pojokan plafond weruh awakku dewe lagi ditangani dokter lan suster iku detak jantungku mandheg,ya? Tegese nyawaku sempet dolan 5-7 menit? Duh Gustiii…matur nuwun tasih dipun paringi gesang murih kamulyan Dalem”.
Para sedherek inggih kados ngaten sangganing Ibu kagem putra-putrinipun, toh nyawa saestu. Menika saweg carios kagem Ibu ingkang peputra setunggal, lha yen ngantos 4-5 utawi 13 Ibu-ibu baby boomer kados menapa awratipun? Saestu kawula angkat topi katur para Ibu ingkang kagungan lare kathah. Panjenengan sami luar biasa saestu!!!
Sawetara para kakung kang dadi “SUPPLIER” maju terusss, mbokmenawa malah wis ora mikir lara lapane kang putri. Ngeden kanggo nglairake iku ngrusak sak kabehing syaraf ing sak kojur awak. Durung olehe ngopeni, ndidik unggah-ungguh, ndidik kawruh, agama lan sekolahe. Malah ana kang nglakoni selingkuh nresnani wong liya merga kang putri ketok tambah sepuh amarga ngurus putra-putrine. Enakke kang kaya ngono dikapakke ya?
Sakbanjure, esuke keluargane Panji pada rawuh menyang rumah sakit. Papine nyerat asma kanggo wayahe kang dianggep Pangeran ing kulawarga Panji. Amarga kang lair iku anak lanang saka putra lanang. Dene kang liyane ana anak lanang ananging saka putra putri. Papi isih nggateake garikang katurunan amarga satemene kagungan silsilah katurunan Hamengku Buwono II. Papi ngendika:”Iki aku usul jeneng Aribowo Purwoatmodjo. Aribowo tegese mengkone bocah iki bakal terus dikancani adi ari-ari lan merbawani. Kowe arep nambahi apa?” “ Bilih dipun tambahi Abimanyu kados pundi? Putranipun Panji ing pewayangan rak inggih Abimanyu, njih?” “ O ya bener. Dadi jenenge, Aribowo Abimanyu ya? Yen wis tuwa arep nganggo jenengku Poerwoatmodjo ya kena wae wong tegese anak nomer siji”. Pas rampung diparingi jeneng, ana perawat mlebu, takon bocahe arep dijenengi sapa….pas banget.
Minangka jalma menungsa rasane wis pepak dadi wanita. Ria selak pengin nyawang anakke lan paring susu kanggo dheweke. Nanging dheweke durung bisa mlaku lan bayine durung bisa digawa menyang kamare merga abote medun dadi 1.5 kg. Kudu dirawat intensif jare doktere durung oleh digawa-gawa. Dadi dadane dipompa saben diperloake susu kanggo anakke. “Minumnya kuat sekali mbak anaknya” “Kapan saya boleh lihat mbak?” “Coba besok lihat dulu ya, mungkin sudah bisa” Iku wis telung ndina wiwit dilairake. Aneh juga ko kora entuk niliki anake dhewe
Esuke suster ngajak Ria nginguk anakke. Ing ruang iku okeh bayi-bayi kang pada ana ing kothak-kothak kaca ana lampune. Pas tekan nggon anakke, Ria trenyuh banget tapi ora nganti mrebes mili wong ra gembeng, dudu mata yuyu, ora baperan…hehehe…. Rasane seneng, o iki to kersane Gusti aku ora diparengake kuliah menyang mancanegara. Gusti maringi jalma anyar kang lucu koyok boneka ananging bisa obah-obah tangan lan sikile. Bisa angop, mesam-mesem, tutuke obah-obah koyok pengin ngedot, mripate nyorot ngawasake Ria. Sirna sak kabehing lara perih lan kageting ati amarga ilang nyawa sakwetara. Kang ana mung Puji Syukur ing ngarsane Gusti dene kabeh bisa dilakoni kanthi paripurna. Wingi-wingi ora diparengake niliki bayine kasunyatane ing pilingane ngecap ungu merga diforcep. Dokter kuwatir yen Ria panik. Panji kang bisa tilik saben ndina wus dikandani dokter aja ngomong karo Ria yen bayine ana cap ing sirah. Dokter ngendika:”Nanti setelah 5 hari akan hilang bekasnya”. Pancen bener, dina kang kaping lima, Ria wis entuk niliki lan ora ana bekas forcep maneh.
Abimanyu ana ing incubator 55 dina, amarga abote munggah medun. Oleh digawa mulih yen abote wis 2.5 kg. Kepeksa Ria mulih dhisik sak wise nglairke limang ndina. Saben ndina niliki nang rumah sakit, kanggo ajar ngganti klambi lan mbiasake anakke krungu suara lan apal pasuryan ibune. Susu dicoba nganggo tambahan lactogen supaya asupan susune cukup, ananging bayine malah murus. Diganti SGM semono uga. Mimik susune pancen kuat banget. Dokter ngganti nganggo susu liyane merk Almiron. Nah iki rupane cocok, ora murus maneh, tapi regane ping pindone SGM. Ya piye meneh yen memang iku kang cocok. Abote uga cepet nambah nganti 2.5 kg, nembe Ria bisa nggawa Bimbim (jeneng cekake Abimanyu)mulih. Kebeneran pas arep nggawa mulih, Tante Sadjiman sahabat Ibune nawaake mobile kanggo methuk. Mandar Tante nyopiri dewe ngagem VW Kodok (Beetle). Wah, kepama tenan di Abimanyu. Padahal Ria karo Panji kaya biasane arep numpak becak wae. Tekan ngomah, disambut meriah sak omah nganggo hiasan-hiasan kembang anggrek taneman ibune Ria lan bancaan ing meja makan. Jebul kabeh kuwi kang ngatur Pandji. Sajak bahagia atine duwe anak lanang kaya kang dikepenginake. Ria uga kepingin anak lanang, merga dheweke ngrasakke lan nyawang wong-wong wadon rikala jaman sakmana mung dadi kanca wingking kang apa-apa kudu nurut, ora duwe kuasa nyanggah utawa usul. Yen anakke nakal, sekolahe ora bener, agamane ora pener, kabeh kang salah mbokke. Njur apa pancen Bapak gunane mung dadi supplier? Mulla Ria ngrasa luwih becik anakke lanang supaya ora ngalami dipilara kaya dheweke (Ups…curcol)
BUNGAHING ATI DADI SIMBOK
Ria mbatin: “Kaya ngene to rasane dadi simbok. Ora kepingin ngeculke gendongane. Pengin terus ngekepi anakke” Ria lan Panji gantian nggendhong lan ngusel-usel bayine. Ria sinau macem-macem kanggo bayine saka ibu lan mbakyu ipe. Mulai ngedusi, nggawe susu, ndulang, ngumbahi popok ing musim rendheng. Kudu bisa golek cara supaya popok-popok cepet garing. Dijos nganggo setrika wesi kang pucuke ana jagone lan panase saka areng. Sebab rikala Ria isih ndherek Bapak Ibu dheweke ora nate diidinke eyange kanggo nyekel gawean omah. Apa maneh masak, wedi yen sikile kepletikkan geni utawa ke sundhut mawa. Kabeh wis ana kang nyekel, maklum pembantu Bapake nganti ana wong 7. Gaweane dewe-dewe:Masak, ngumbahi, setrika, ngepel, reresik kamar kang kagem sare, reresik kamar tamu, kamar dahar lan kamar keluarga, teras ngarep mburi lan taman suket ing ngarepan. Untunge sekolah ing SMP TARAKANITA pelajaran PKK (Pendidikan Kesejahteraan Keluarga)-ne termasuk gawean kuwi kabeh. Dadi sanadyan ora nglakoni nang omah ananging Ria bisa ngayahi gawean omahan. Apa meneh yen Panji kudu kuliah ing Semarang ya kabeh dicekel dewe disambi njahit lan nggambar pesenan. Ria nerusake olehe cuti kuliah, amarga dheweke ora gelem yen bocahe entuk asih-asah-lan asuh saka wong liya. Kanca-kanca okeh kang padha protes:”Kowe ki payah kok. Sekolah dhuwur-dhuwur mung tinggal sak nyuk-an nganggo toga kok malah dadi pengasuh bayi. Mbok dirampungke sisan, tugasmu kan wis rampung kabeh to?”. Ria mung njawab:”Titel resmi ki gampang digolek kapan-kapan. Nanging momong anak kuwi ora gampang, yo mulai nang njero weteng bocah wis tak didik. Yen aku dhewe kang momong kan bisa tak ajari ilmune wong sekolah dhuwur. Lha nek diasuh wong liya kang mbokmenawa tuna aksara, ora duwe unggah-ungguh, ora resikan, anakku entuk ilmu apa? Apa meneh etika lan budaya, nek dudu wong tuwane sapa meneh sing bisa ngajari kanthi bener? Sanadyan Mbah, Bapak, Ibu lan ponakan-ponakan Bapak siap momong ananing menurutku luwih becik yen ibune dewe kang momong”.
Ya bener pancen ngono, Ria dadine kurang turu, lembur gawean lan ngopeni bocah kang lagi wayahe akeh pipis, apa meneh mangsa rendheng. Yen Panji nang omah dheweke mbiantu nggaweake susu lan jaga si jabang bayi. Ria ngrasaake uripe pepak lan matur nuwun maring Gusti Ingkang Murbeng Dumadi dene Gusti maringi putra kang bagus. Irung mancung, alis kandel, idep dawa lan lentik, bibir lan mripat kang bentuke apik uga, persis koyok kang disuwun Ria ing dongane saben jam 4 esuk kanthi sembahyang tasbih (rosario) sinambi ngelilingi pekarangan suket nang daleme Bapak. Dheweke rumangsa ora duwe alis kang apik, idep pendek lan tipis, mripat kang ora mblalak. Dadi nyuwun dumateng Gusti supaya bagian kuwi niru Ramane. Lan Gusti maringi persis panyuwune. Mugi watakke njupuk sing apik-apik saka Romo Ibune. Pancen Gusti Maha Asih kersa mirengke putrine kang nyenyuwun.
Rikala semono, durung ana buku-buku utawa majalah kang nuntun para ibu-ibu anyaran piye carane ngurus bayi lan bocah cilik. Kabeh mung nganggo logika. Ria tlaten lan sabar anggone ngajari Bimbim tanpa njiwit, nggetak utawa ngomel, ananging ora manjaake. Yen bocahe nakal, dituntun, dipangku lan dikandani salahe ing ngendi lan kang bener kepiye. Arang-arang digendhong yen ora lagi lara. Yen Ria lagi nyekel gawean, bocahe didokok box diwenehi dolanan lan cemepak botol susu.
Nate sakwijining dina pas Ria nggambar, Bimbim kang wis umur 3 tahun, lagi usil-usile, nyenggol gelas kang ana ing meja, wutah nelesi kerjaan gambar kang lagi dikerjaake Ria. Ria kanda marang anakke:”Nah, dik, lihat mama. Mama tadi sudah bilang kan kalau nggak boleh usil. Sekarang tumpah di gambar mama. Ayo sini….” Bocahe ora wani nyawang mripate Ria, karo Ria diangkat lan didokok pojok kamar tamu madhep tembok. Bocahe meneng wae, ndingkluk lan ora mingser saka kono. Ria ngresiki mejane, nggaringke lan kepeksa njupuk kertas anyar. Sakjane ya pengin nesu, wong iku gambar kanggo langganan kang arep dijupuk sesuke. Ananging piye carane bocah ngerti salahe nanging ora lara ati wektu didukani. Sakwetara suwene, Ria krungu anakke mingseg-mingseg mulai nangis, ananging ora wani seru.
Ati simbok mestine ora tega krungu tangise putrane apa meneh bocahe nganti kepuyuh, Ria takon:”Adik kenapa nangis?” karo nangis Bimbim mangsuli:”Maaf mama, Bimbim nakal….” Le mingseg-mingseg tambah seru lan seseg ambegane. “Adik mau nakal lagi nggak?” “Enggak, mama….maaf ya mama….!!” ngomong ngono karo mbalikke awake mlayu nyedaki Ria lan nyelehake sirahe ing pangkone ibune. Langsung Bimbim dirangkul, diangkat lan dilungguhke ing pangkone madhep awake Ria:”Adik, coba lihat mama. Besok lagi ati-ati ya sayang, lihat-lihat dulu kalau mau nemenin mama nggambar” Karo ndelengke mripate Ria Bimbim manthuk-manthuk, trus sirahe ditempelke dadane mbokke, ngekepi kenceng. Ria trenyuh, sirah anakke dielus-elus sambil mbisiki:“Mama percaya kok sayang, adik besok pasti ati-ati. Yuk, sekarang ambil pel, kita bersiin pipis adik, trus kita mandi ya…”. Bocahe mung manthuk karo kami sesegen, nyekeli tangane mbokke. Iki dadi kebiasaan nganti gede, yen anakke nggawe salah mesti langsung konangan amarga ora wani mandeng mripat simbokke. Ing tembe mburi Bimbim dadi wong kang jujur, tansah blaka suta ala apike kedadean apa wae kang dilakoni dicritaake tanpa ngapusi.
Sinambi ndulang utawa nonton TV Ria ngajari maca huruf lan angka. Uga sinambi ngrungoake berita sore TVRI stasiun Yogyakarta kang nembe dibuka jam 16.30 WIB. Bimbim iku crigis apa wae ditakokake, ing kene kasempatan Ria kanggo ngajari kang bener. Ndilalah sifate Bimbim ora ngamukan, gampang dikandani, uga ora gembeng. Miturut sesepuh iku jalaran wektu nang njero weteng sering dielus-elus lan diajak ngobrol kang apik-apik lan diajak ndonga. Basa moderne kasebut komunikasi dan Pendidikan pra Natal.
Hasile, umur rong tahun Bimbim wus bisa ngetung siji tumekan sepuluh nganggo basa: Jawa ngoko, Krama Inggil, Bahasa Indonesia, Londo lan Inggris. Uga wis bisa nyebut siji-siji yen diadepke aksara utawa angka. Kang nyenengke merga sering nonton TV, Bimbim bisa nyebutake Presiden Amerika, Filipina, Indonesia, Raja Inggris lll. Mitrane Eyang Kakunge sering rawuh mung arep nakon-nakoni cah cilik kang criwis iki, kang dadi dolanan simbah-simbah. Nate ana kang ngetes:”Coba mBim, eyang ngetung diteruske ya….?” Bocahe mung manthuk. “Setunggal, kalih…..terus?” “Tiga, sekawan, gangsal, enem, pitu, wolu, sanga, soedomo….” Wangsulane kanthi ngguyu nyekikik. Kabeh wong diwasa kang ana nang kono ngakak. Eyang kang ngetes mau ndangu maneh:”Lho, kok soedomo? Salah, nak?” “Sedasa eyaaang….tapi soedomo…kayak di TV” ndagel bocah iki, dheweke ngerti kang bener nanging sengaja diplesetke merga seneng nonton TV kang beritane wektu iku Pangkopkamtib Soedomo kerep disebut-sebut…. Hehehe….Tumekaning diwasa isih seneng ndhagel cerdhas. Iki kang marahi dheweke okeh kanca lan disenengi brayate.
Nasionalismene uga jero, merga dibiasaake mas Petrus, yen pembukaan TVRI ana lagu Indonesia Raya, Bimbim dikongkon ngadeg tegap lan tangane nang bathuk rada miring memberi hormat pada bendera. Kayane kaya ngene iki sepele, ananging bocah sing umure ing ngisor 5 tahun (Golden age)bakal terus kelingan. Hasile rikala deweke sekolah ing Australia saben 17 Agustus tansah dadi Paskibra. Rikala okeh bom-boman ing Bali lan Jakarta (Ritz Carlton lan Marriot Hotel) dheweke dadi pelopor Indonesia Unite bareng karo Pandji Pragiwaksono nganaake gerakan para pemuda Indonesia supaya ora wedi karo teroris, nganggo ukara: KAMI TIDAK TAKUT. Iki disebarluaskan lewat Media Sosial Twitter sing langsung disambut rame-rame dening para muda. Nganti dheweke asring diwawancara ing radio lan televisi main stream ing Indonesia lan CNN,
Begjane Ria duwe putra siji kakung ananging tresnane marang simboke ngedab-edabi tanpa aleman utawa pengin dialem. Bocahe tansah nggawa simboke nang endi wae dheweke lunga yen lagi ora duwe pacar. Simboke dipamerake kancane. Nate Ria kanda karo anakke:”Dik, nanti adik dikira anak mama banget tur mbok-mboken lho”. Anakke njawab:”Biarin aja mah, kan aku memang anaknya mama bukan Bapak yang nglairin?” Akibate, nganti saiki bareng Bimbim wus kapundhut kanca-kancane isih tansah kirim kabar utawa nakokake kahanane Ria lan Panji. Ya lewat WA, IG, FB la napa wae sing bisa dicandhak. Dadi olehe ngènèng-ènèng mboke diajak ketemu kancane pancen migunani sanadyan wis 13 tahun kepungkur.
Rikala putra kinasih kapundhut dening Gusti ing yuswa 33 tahun, wis kulawarga 2,5 tahun ananging durung diparingi momongan amarga sisihane penyintas kanker getah bening lan payudara asring di kemoterapi. Rikala kapundhut, sisihane wis resik saka kanker sehat walafiat. Lan wis oleh duwe momongan. Sakdurunge pancen durung entuk, amarga wektu ngandheg iku ngasilake hormon, bisa dadi pemicu kanker. Ananging kersaning Gusti memang ora bisa dikira-kira, justru wis diidinke duwe momongan Bimbim kapundhut. Ananging Gusti paring berkah tan kinira, putri mantune dadi putrine Ria 100% amarga wis ora duwe bapa biyung. Bakda nyewu Bimbim dheweke disenengi karo sawijining pria apik, lan matur karo Panji lan Ria. Pungkasane Panji lan Ria mantu kang kapindo lan tumekan saiki bocah loro iku wis bener-bener dadi putra-putrine lan ngrawat kanthi apik dianggep wong tuwane dhewe. Sanadyan wis 10 tahun durung duwe momongan lan wis ora ngarepke maneh merga umure wis luwih saka 40 tahun, ananging padha dene saling perhatian ora digawe masalah. Ing wektu iki Ria lagi nulis buku kanggo Biografine Bimbim, nggunaake judhul miturut kedadiane: Born too Soon and Gone too Soon. (Lair gasik lan tindak gasik)
Pancen dadi simbok ora mung tumekan bocah lulus sekolah, ananging saklawase urip. Nerusake sekolah kahuripan sing ora gampang. Sanadyan bocah-bocah wis padha krama simbok kudu siap nampi uda rasa saka putra-putrine lan uga para wayah
PUNGKASAN
Mula yen durung siap dadi simbok, aja daup apa meneh duwe momongan. Urip ing ndonya Timur iku paribasane duwe anak 3 padha karo duwe anak 4. Kang nomer siji luwih aleman, luwih galak, apa-apa kudu dilakoni sak deg sak nyet, kudu dimirengke ngendikane sanadyan dheweke luwih sering nglanggar. Yen salah nggetak dhisik sak durunge didukani. Sapa coba putra kang mbarep? Iya bener sedherek, kuwi….. sisihan kakung!!J
Ya salahe kaumku kok gelem duwe sisihan wong Timur, ya kudu siap dadi abdi. Ora ana sejarahe simbok ing ndonya Timur aleman dadi putri kang sinubyya dening sisihan. Disubya sedhela yen pas apa kang dipenginake kelakon. Kanggo para pria ora usah duka, apa sing dikandakake bener ananging ora kabeh pria. Ana uga putri kang beja dimanjaake sisihane ananging bisa dietung nganggo driji tangan. Ana uga putri sing angluwihi sisihane olehe otoriter.
Sanadyan kasunyatan kaya ngono, yen kabeh iku dilakoni kanthi ikhlas, kanthi iman kang jero, kanthi sabaring ati lan tawakal, mesti bakal murugake mulyane kulawarga. Sisihan putri iku bisa murugake mulyaning sisihan lan kulawarga, ananging bisa uga andadekake mulangsarake sak kabehe. Sapa wonge kang pengin kulawargane ora mulya? Putra-putri uga bakal angrasa ayem tentrem yen keng Ibu lan Bapak ketok saling nyenengake pasangane. Ora mung Ibu kang kudu tansah nguplek ing njero omah nganti mbengi lan isih nggarap PR-e kang KUDU digarap bakda ngurus bocah lan omah ing njeron senthong, ananging yen ana apa-apa tetep disalahake, ora entuk maringi uninga utawa nasehat. Tansah dadi wedhus ireng yen wong liya salah.
Iki dudu nasib kang diparingi Gusti ya para kadang. Apik apa ora, apa kang dilakoni awake dhewe iku pilihane dhewe. Mula yen arep nentoke samubarang kudu ndonga nyuwun pitedah saka Gusti supaya ora keliru anggone milih kang arep diputusake. Kaya contone DADI SIMBOK ing ndhuwur. Tanpa pertimbangan mateng, mesti andadeake gela saklawase urip. Wis ora bisa bebas lunga karo sobat-sobat sekolahe, arep nang endi-endi kudu mikir putra-putrine lan liya liyane. Yen durung siap, tembe mburi bisa andadeake gendheng.
Mekaten para sedherek carita ingkang mboten patasa cekak ngengingi kados pundi dados SIMBOK menika. Mugi waged andadosaken maklum bilih dados simbok menika kathah syaratipun. Minangka saenipun, bilih para putra-putri dereng kersa ngayahi kulawarga, saenipun sampun dipun peksa supados siap ngayahi kulawarga ing yuswalan pikiran ingkang sampun diwasa.
Matur nuwun dumateng Gusti Ingkang Maha Asih sampun maringi putra ingkang persis kados panyuwun abdi, ingkang andadosaken kawula paripurna ngayahi tugas dados Simbok. Wiwit saking ngandhegipun, paring asih lan asuh, ngantos daup lan pungkasanipun Gusti ugi ingkang ngasta piyambakipun wangsul dateng katenteraman. Tanpa berkahing Gusti kawula mboten kiat nglampahi sadayanipun.Tugas kawula dados Simbok ngraos sampun paripurna saestu.
Sinaosa dados Simbokipun Bimbim sampun paripurna ananging gesang kedah lumintu lan saged kemawon dipun dapuk denng Gusti dados simbok kagem sinten kemawon ingkang mbetahaken katresnan.
Matur nuwun dumateng para kadang ingkang sampun maos atur kawula ingkang panjang menika.
Matur nuwun dumateng Gusti ingkang sampun kersa nuntun kawula ngantos dinten menika lan waged medaraken kamulyan lan asih Dalem lumantar babad gesang kawula menika
Mugi Gusti tansah paring berkah dumateng para SIMBOK ingkang minulya ing pundi kemawon panjenengan lenggah. Aamiin.
Ad Maiorem Dei Gloriam
1st October 2023